Sabtu, 17 September 2011

Cerkak


Neruske Cinta Monyet
Is Sarjoko (Nini Klenyem)
Nalika aku metu saka toko busana golek dhasi, ndadak saka mburi krungu suara renyah ngundang jenengku.
“Mas Pam.... Mas Pam...!” Aku noleh, oh jebul Hantari mitraku SMP biyen karo garwane. Heru sing biyen uga kancaku ana SMA nalika isih padha ana Sala.
“Dhik Tari... mas Heru.... sugeng ta?” Aku gage nyedhaki wong loro kuwi nyalami.
“Pangestu mas..., pangestu dhik....,” sumaure wong loro kuwi. Hantari banjur nggeret bojone dijak neng papan sela, semono aku uga banjur ngetutke wong loro kuwi.
“Piye mas Pambudi, kabare?, wis suwe awake dhewe ora ketemu.”
“Iya dhik Pam, awake dhewe rampung SMA kae rakya lagi saiki ta ketemu?” Heru melu-melu takon.
“Iya mas Heru, pancen ya ngono. Anu dhik Tari, kahananku ya kaya ngene iki, tansah pinaringan apik, bagas waras. Ha saiki wis pira bathine dhik Tari?”
“Wah durung je mas... ya mung kudu sabar. Saiki lenggahmu neng ngendi mas?”
“Wis meh telung taun iki dhik, aku dikirim saka pandhuwuranku neng kutha kembang iki, mbantu neng RS Panti Husada kene.”
“Lha sliramu sekalihan lenggahe ana ngendi?” Hantari gage mbukak dhompete, ngetokke kertu nama banjur diwenehake aku. Weruh iku Heru kandha :
“Nek sela dhik, kapan-kapan rawuh nggonku!”
“Iya mas matur nuwun banget, wis mesthi tak goleki ta wis mas.” Kandhaku ngenaki atine Heru.
“Saiki mas Pambudi putrane wis pira?” Hantari takon.
“Oh... oh... durung duwe dhik,” semaurku gugup.
“Isih ngenteni apa ta mas..., dhasar ya wis dhokter.... gek spesialis maneh.” Heru tak sawang nyenggol bojone, sajake isih ana acara, mula kandhaku :
“Ya wis mas.... dhik Tari ndherekke, sampai ketemu lagi.” Karo neruske laku, Tari isih kandha :
“Tak anti-anti rawuhmu ya.... mas.” Aku mung ngguyu karo manthuk.

Tekan ngomah, dhasi tak seleh meja isih buntelan saka toko mau. Greget arep ngestreni resepsi pernikahane kanca dadi nglokro, senajan wis kebacut tuku dhasi anyar. Pikiranku kuwur. Patemonku karo Hantari sing ora kenyana-nyana dadi tansah nggubel atiku. Mula aku banjur ngglethakake awak neng dhipan.

Nyut... lelakon kawuri jaman neng SMP, bali kumledhang. Hantari lan aku sa klas wiwit SMP lulus. Uga klas siji SMA nganti tekan klas telu. Wiwit nalika lagi mlebu, aku wis ana rasa seneng karo dheweke. Dhasar bocahe ayu tur kalem. Neng klas yen diterangke nggatekke banget. Mula ora mokal yen dheweke pinter. Malah yen ana PR aku kerep diwarahi dheweke.

Aku jujur ngakoni, yen Hantari luwih pinter tinimbang aku. Iki kabukten saka nilai pelajaran harian, luwih-luwih bareng tampa rapot. Hantari tanpa ana angka abange, balik aku kana-kene abang kaya dene kanggo kembang-kembang. Ah... dhek semana pancen sinauku ndleya. Aku sregep mlebuh sekolah ya merga kepingin tansah ketemu lan cecedhakan karo Hantari. Sadharku bareng wis arep ujian akhir, sinauku ngaya lan grobyagan.
Apa maneh Hantari ngancam, yen aku nganti ora lulus, dheweke sida hijrah neng Surabaya ndherek paklike sing saguh ngragadi kuliahe. Dene yen aku lulus. Dheweke trima arep njupuk kursus ketrampilan, sing mengkone kena kanggo sangu urip. Awit yen njagakke ibune sing wis randha kuwi, cetha yen ora kuwat ngragadi kuliah. Sawise bapake seda sing mung karyawan swasta kuwi, uripe karo ibune tansah dibantu Ume sing karyawan bang ing Surabaya. Semono uga sekolahe Tari.

Krungu kandhane Tari ngono mau, thukul kuwanenku mblakakake isining atiku kanthi spontan, kandhaku :
“Ri, yen ngono kowe ki ya tresna karo aku ta?” Dheweke ora mangsuli, ning raine njur ketok yen ingah-ingih sajak isin, karo mripate kethal-kethil dheweke tumungkul. Weruh iku mau tuwuh kekendelanku. Aku nyedhak... njur tak ruket kenceng Hantari karo kawetu tembungku :
“Oh Ri..., jebulane aku ora keplok tangan sesisih, ning atimu ya padha karo atiku. Wiwit SMP Ri, aku wis ana rasa seneng lan tresna neng kowe. Ning aku rak ora wani kandha neng kowe, mergane awake dhewe rak isih cilik. Embuh ya..., apa sing padha diarani cinta monyet ngono kae ayake? Ning jebul saya suwe lan tekan saiki, tresnaku tansaya mundhak-mundhak. Pokoke teruske ya Ri, wiwit saiki awake dhewe pacaran.” Kandhaku serius. Hantari ngawaske aku karo kandha :
“Pam, apa mungkin awake dhewe mbesuk bisa nyawiji? Mergane aku lan kowe rak banget njomplange. Kowe putrane wong sugih, aku anak randha mlarat.” Aku mangsuli gage:
“Ri, kuwi rak wong tuwane dhewe, pokoke Ri, nek suk aku wis berhasil lan bisa urip mandiri, aku rak bakal nemtokake pilihane uripku. Percoyoa Ri, aku ora bakal nglalekke kowe. Mung kowe tak jaluk sing sabar nganti aku berhasil. Tenan Ri, aku arep berusaha tenan kanggo uripe awake dhewe mbesuk.”
Hantari mung manthuk-manthuk karo mesem kalegan. Ya wiwit iku Pambudi lan Hantari meneng-meneng padha pacaran. Atine mudha-mudhi loro kuwi saiki wis rumangsa plong, awit wis padha dene kelair gembolaning ati.
“Tenan, Pambudi lan Hantari sidane lulus SMA ne. Pambudi neruske kuliah, dene Hantari sing didhawuhi nusul Ume neng Surabaya arep dikuliahke sumaya, yen arep kursus apata apa, supaya nduwe ketrampilan. Ume diwangsuli ngono mau bisa nampa. Malah dhawuh, kanggo kursus mbutuhake beaya pira, mengko bakal dikirimi.

Ana unen-unen, sing jeneng menungsa mono bisa ngrancang tharik-tharik, ning bab kelakon lan orane kuwi mung sing Kuwasa sing wenang nemtokake.

Hantari dhek semana pilihane njupuk kursus motong memotong lan njait. Ya merga saking tekun nggatekake, lan sregep praktek nganggo kain murah-murahan, nyatane sajrone rong taun wis rampung kanthi biji sing apik. Kanggo nglanyahake, Hantari langsung wani praktek nampa jaitan saka tangga kiwa tengene. Karo nyambi njait, saka Kalurahan ana kursus kecantikan sing gratis kanggo warga desa, Hantari ya melu. Kursus kecantikan iki uga klebu paes manten ala Yogya... Sala.... lan kebesaran.

Bareng tutup tahun dianakake ujian, Hantari bijine unggul dhewe katimbang kanca-kancane. Pokoke atine wis gembleng, apa wae kabisane wanita sing sekira migunani lan ngolehake asil, bakal dilakoni. Ora ngalahna wong mono yen apa-apa bisa, ora bakal disingkur uwong.

Saking sibuke nampa jaitan lan larise anggone dadi tukang paes, Hantari wis ora ana kekarepan kanggo neruske kuliah. Ora krasa jebul ngerti-ngerti entuk layang ngabari, yen Pambudi wis rampung kuliahe. Saiki dheweke wis nduwe embel-embel ing ngarep jenenge ya kuwi Dokter. Neng layang Pambudi kandha, yen Hantari lega, sisan dheweke arep njupuk spesialis, yaiku Dokter kandungan. Jare paling suwe telung taun, mengko njur praktek. Hantari ya mangsuli yen jumurung marang karepe Pambudi, dheweke bakal tetep setya ngenteni. Tekade saya mantep, yen wiwit saiki arep nyelengi, kanggo mapak yen sawanci-wanci Pambudi rampung kuliahe njur ngajak mbangun brayat.

Hantari emoh yen nganti kabeh mung njagakake Pambudi, wong embuh akeh embuh sithik dheweke wis nduwe pametu. Senajan padha dene sibuk, saiki hubungan kekarone tansaya luwih kerep dhasar wis ana HP.

Ning ya kuwi manungsa ora ngerti apa mengko sing bakal kelakon. Ora kenyana, ing sawijining dina pak Susilo ya Ume Hantari sing neng Surabaya teka neng Sala niliki mbakyune, ya ibune Hantari. Sajroning tilik mulih sing mung rong ndina kuwi, mbakyu adhi kuwi tansah asyik anggone ngendikan sajak padha kalegan atine.

Dene apa sing dirembug embuh, Hantari ora ngerti lan ya ora kepingin ngerti. Mung nalika arep bali neng Surabaya, Ume ndangu nyuwun tinggalan apa ora, sing dikarepake dhuwit. Ning Tari matur ora, wong isih nduwe dhuwit. Saungkure Ume, ibune ngendika :
“Anu Ri, ommu kepingin kowe dadi wong mulya, mula becike gugunen apa karepe.”
“Kersanipun Om punika punapa ta, bu?” Tari nanjih.
“Ah ya wis Ri, entenana wae mengko ommu rak aweh weruh dhewe, nek ibu sing ngandhakke ndhak klera-kleru.” Ngendika ngono mau karo tindak medal, sajak ya pancen ora kersa blaka. Hantari ya njur wis ora mikir, awit wis biasane yen Ume nggatekake banget marang dheweke. Barang let seminggu Hantari entuk layang surasane ngene :

Anakku Hantari
Tari, tak sawang kowe saiki wis cukup diwasa, lan hasil jerih payahmu kursus ketok hasile. Saiki genti om, njaluk bektimu mrang aku, kowe gelema ndak jodhohake anake direkturku sing sedhela maneh leren, sing ngganteni putrane. Kae lho Heru Tamtomo sing dhek biyen kancamu neng SMP? Nalika dheweke dolan neng ngomahe om ndeleng album, weruh gambarmu, njur kewetu tembunge yen kepingin momong kowe. (Arep diajak urip bebrayan). Ri, ngertiya ya, Heru kuwi watake kaya bapake, prasaja, lugu tur jujur sisan. Mula gelem ya Ri, om ora bakal njlomprongake.
Kaya cukup semene
Om mu Susila


Rampung pamacane layang, Tari mlebu kamar nggloso neng dhipan karo nangis. Wewayangane Pambudi kekasihe ngalela sajak mbebidhung atine sing lagi bingung. Saiki ngerti kersane Ume, yen panjenengane kepingin Hantari manut kersane, ateges dheweke kudu manut apa dhawuhe minangka balas budi, anggone wis dirembug wiwit bapakne seda.
O Hantari bingung..., arep matur ibune? Jelas yen ibune mesthi ngombyongi kersane Ume. Saking wis keputekan nalar lan pikire, layang saka Ume dilempit rapi, banjur diganti amplop anyar, dialamatke neng Pambudi. Kanthi ditambahi kertas sasuwek sing tulisane ngene :

Mas Pambudi
Iki mas layang saka Om, sing surasane aku kudu manut dijodhokake karo Heru, sing sedhela maneh nggenteni bapakne minangka direktur bang pendhuwurane Om Susila. Kae lho kancamu dhek neng SMA lan uga kancaku neng SMP biyen. Pokoke mas, senajan piye wae, ati lan tresnaku mung kagem mas Pambudi.
Aku kekasihmu
Hantari


Sawise layang diposke, atine krasa lega. Apa sing bakal kelakon, kaya-kaya Hantari wis pasrah tumibane nasib ing awake. Kabeh bakal dilandesi kanthi ati dhadhag. Toh dheweke mung sadherma nglakoni. Kaya-kaya uripe mung Ume sing nemtokke...
Temenan, bareng Hantari dipethuk Ume lan diterke ibune neng Surabaya, ganti sasi sida diomah-omahake karo Heru Tamtomo, S.E. Senajan atine blas ora ana rasa tresna neng bojone, ning kanggo nuduhake bektine marang ibu lan Ume supaya bungah, Hantari tansah ngatonake yen atine tansah bungah, senajan batine sambat ngaruwara.

Batine Hantari muni ngene : Ya ben ragaku kanggo Heru, ning ati lan tresnaku mung kanggo Pambudi. Bareng wis rong taun urip neng Surabaya minangka direktur bang “Handarbeni”, Heru kepingin bukak cabang neng Bandung. Dene sing Surabaya mengko bakal dipercayakake sedulure sing maune ya anak buahe bapake.

Pambudi nalika nampa layange pak Susila kanggo Hantari sing njur dikirim Hantari neng dheweke, ya sempat setres lan lara. Neng ngelingi yen dheweke lagi ujian pungkasan (semester akhir) kanggo nggayuh spesialise, mula atine di tatag-tatagake.... diayem-ayemmi dhewe sing wusanane ya kuwat lan tabah. Sidane Pambudi lulus kanthi biji sing maremake. Bareng wis setaun praktek neng kuthane, Pambudi banjur dikirim neng Bandung neng RS Panti Husada.

E lha dalah, ya neng kutha iki Pambudi kepethuk Hantari nalikane dheweke metu saka toko golek dasi. Hantari karo Heru bojone, ya tilas kancane. Cekekal Pambudi tangi saka anggone turon. Dhompet dibukak, kertu nama pawewehane Hantari diilingi-ilingi. O neng Jl. Menur No. 6. memper kene iki rak compleke omahe wong sugih-sugih. Yoh wis... kapan-kapan kono tak golekane. Ngono batine Pambudi.

Dhasar Pambudi dokter anyar, lagi sawise setengah sasinan pas dina Setu, Pambudi metu saka omah kontrakane Malem Minggon nganggo megaprone. Ngurut Jl. Menur wiwit omah no 1 tekan 6, banjur mandheg neng ngarep omah sing pintu gerbange njenggarang kuwi. Atine gojag-gajeg, ning wusanane pintu gerbang sing mung katon digrendhel kuwi dibukak wani. Motor dituntun nyedhaki lawang banjur mencet tombol. Ora suwe keprungu kumleseting sikil nyedhaki lawang, wusana bareng lawang dibukak....
“Oh njenengan ta mas Pambudi?” Swarane Hantari renyah karo mlayu terus gapyuk ngrangkul sing lagi teka.
“Mas Heru endi jeng?” pitakone Pambudi, ana rasa samar, yen lekase Hantari sing over mau kaweruhan kakunge.
“Mas Heru tindakan kok mas, budhale lagi mau awan. Jare neng Jakarta tilik budhene sing wis sawetara wektu olehe ngarep-arep mundhut ditiliki mas Heru. Nek pamite mas Heru mung seminggu supaya budhene mari kangene, ning ya embuh, wong budhene kuwi ora kagungan putra. Mesthine yen durung tutug ya bisa wae diperpanjang wektune. Pokoke mas Heru kepingin gawe marem lan bingahe budhene.”
“O ngono ta jeng, dadi yen ngono, sliramu ijen neng ndalem?”
“Ya ora ta mas, wong penjenengan saiki rawuh ngepasi mas Heru tindak ngono kok. Wis ayo mlebu lenggah dhisik, mengko wae lehe crita.” Pambudi dituntun Hantari mlebu ing ruang tamu. Kekarone lungguh mepet, Hantari isih nyekeli lengene Pambudi kenceng karo kandha :
“Mas sasuwene mas Heru tindak aku dikancani ya?”
“Apa neng ndalem sliramu ijen ta jeng?”
“Karo rewang mas, ning mung yen esuk. Dheweke mung reresik, ngumbahi lan setlika, yen wis rampung ya njur mulih. Yen mas Heru ngersakke dimasakke, ya aku sing masak, ning kerepe mas Heru mung dhahar neng njaba, aku rak mung manut. Dene yen aku ana keperluan utawa kegiatan, lan mas Heru kerja, aku metu dhewe mas. Lha kuwi, ana mobil kanggo keperluanku, dene mas Heru senenge ngagem jip.”
“Wah begja sliramu jeng, dadi garwane wong sugih, upama wingi sida dadi bojoku, sliramu rak mung gela. Lha piye, seprene omah wae aku durung duwe kok jeng.”
“Oh mas Pam, penjenengan ora ngerti atiku kok. Bandha mono ora mesthi gawe ati mulya.
Nyatane seprana-seprene aku mung tansah kelingan penjenengan. Tresnaku isih wutuh mas, senajan ragaku wis ndak pasrahake mas Heru. Saupama sliramu isih tresna, aku rila dipegat mas Heru njur ndherek penjenengan.” Kandhane Hantari karo kembak-kembik lan mripate nrocos. Weruh iku Pambudi gage ngekeb Hantari karo kandha:
“Jeng, semono uga aku, tresnaku kuwi isih tetep neng sliramu. Teneh yen ora, aku wis rabi wingi-wingi. Sing jeneng tresna kuwi suci jeng, peparinge Gusti, mula nganti kapan wae ora bakal ilang, senajan ing tata lahir ora ndarbeni.” Krungu kandhane Pambudi, Hantari saya kenceng pangrangkule. Dhasar wis ana rasa katresnan wiwit biyen ing ati kekarone, mula nalika Pambudi tinuntun mlebu kamare Hantari ora suwala. Tekan njero kekarone dedrek adu katiyasan pindha banteng ketaton. Sawise krasa yen wis ana sandhuwuring mega sap pitu, karo menggeh-menggeh Hantari kandha:
“Eman ya mas, aku wis dudu prawan.”
“Ora papa jeng, ning atimu sing isih tetep prawan kanggoku, aku rumangsa marem banget.”          Ya wiwit dina iku Pambudi lan Hantari tansah andon asmara kaya dene maten anyar. Pambudi mirsa Hantari kanthi setiti, dhasar dheweke dokter hali kandungan. Sapa ngerti yen dheweke mengko bisa aweh wiji neng Hantari sing wis meh pitung taun omah-omah durung duwe momongan. Sakehing vitamin diwenehake. Buah lan sayuran apa sing kudu dikonsumsi Hantari kabeh dikandhakake. Lan Hantari batine ya sumaguh yen bakal diestokake. Luwih-luwih saka Pambudi kekasihe iki, sing banget digadhang-gadhang. Mula kapan-kapan wae ana wektu bisa ketemu sawise dr. Pambudi rampung tugas, lelorone acarane mung pepasihan kaya dene manten anyar.
Saka rumangsane Hantari, ya wektu iku dheweke ngrasakake bulan madu, sing gawe mulyaning lahir batin.
Senajan neng Jakarta nganti sepuluh dina, ning Heru pendhak dina tansah kontak karo Hantari liwat HP ne. Jare Heru ya selak kepingin mulih, ning tansah disemayani dening budhene. Hantari ya mangsuli yen ngarep-arep banget. Mula baline bojone, sengaja Hantari masak apa sing dadi kesenengane bojone, ndadekake bungahe Heru.
Saulihe saka Jakarta nalika padha jejagongan, Hantari kanda karo bojone ngene :
“Mas Heru, nalika mbok tinggal neng Jakarta wingi, atiku jan kasepen banget. E ya saora-ora ne kuwi nek wis ana anak rak kena kanggo glendheng-glendheng. Mbok usaha yo mas, pupung awake dhewe isih mampu.” Kandhane Hantari sajak karo ngrayu.
“Lha karepmu arep usaha neng ngendi ta dhik?”
“Ya mirsakke neng dhokter bareng-bareng ta mas.”
“Njur kersamu dr. ngendi dhik?”
“Walah, dhek emben rak ketemu Pambudi kancamu neng SMA, lan ya kancaku neng SMP. Dheweke kae saiki dhokter ahli kandhungan lho mas.”
“Apa kowe ngerti nggone praktek ta dhik?”
“Ya ngerti ta mas, dheweke rak crita nek mbantu neng RS Panti Usada. Awake dhewe rak bisa nggoleki mrana.”
“Yoh wis dhik aku manut, kapan mrana?”
“Janji mas Heru wis ora kesel kapan wae aku nderek mas.”
“Ya wis dhik, piye yen sesuk esuk?”
“Aku manut mas.” Bungahe Hantari ngayang batin krungu kesaguhane bojone. Sing ateges kanggo sabanjure bakal bisa terus sesambungane karo Pambudi. Sidane wong loro nemoni dr. Pambudi, sing supayane bisa njur diparingi momongan. Dr. Pambudi manthuk-manthuk nyaguhi, senajan kabeh mau sing ngersakake maringi, amung Pangeran.

Dr. Pambudi maringi pil-pil vitamin marang Hantari, semono uga kanggo Heru bojone. Yen Hantari pendhak minggu kudu priksa, nanging yen pak Heru, cukup yen pil-pil vitamine wis entek. Kabeh dilakoni kanthi patuh dening Heru lan Hantari. Pepenginan nduwe momongan, dening Gusti disumbadani. Wulan candhake sawise digarap Dr. Pambudi, Hantari mandheg ora wulanan. Bab mau dikandhakake bojone, bungahe Heru tanpa upama. Bareng dipirsakake lan dites urine, ya nyata yen Hantari positif ngandheg.

Rehne neng kamar priksa anane mung wong loro Hantari lan Pambudi, mula tanpa sungkan-sungkan Hantari ngruket dr. Pambudi saking senenge. Semono uga dr. Pambudi, rumangsa keturutan anggone mijeni kekasihe, Hantari diarasi sakatoge karo kawetu tembunge :
“Jeng, senajan aku ora ndarbeni sliramu, ning tresna kita wis nyawiji ing guwa garbamu wujud jabang bayi. Aku titip jeng, openana sabecik-becike.”
“Iya mas, dhawuhmu bakal ndak estokake.” Wangsulane Hantari karo ngambali ngruket kekasihe. Karo ngeterke metu tumuju lawang metu kamar periksa, dr. Pambudi celathu :
“Jeng, jebulane awake dhewe iki nerusake cinta monyet dhek jaman semana ya?” Hantari ora mangsuli, mung ninggali esem ngujiwat karo drijine njiwit lempenge dr. Pambudi kebak asih. Sing dijiwit mung nggleges seneng.

Tamat

Tidak ada komentar:

Posting Komentar