Kamis, 15 Maret 2012

Sesorah Pepisahan Siswa Kelas IX


Nami   : Abdillah Azis
No       : 01
Kelas   : IX A


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Kepala sekolah SMPN 3 Sleman ingkang kula hormati
Ingkang kula hormati Bapak/Ibu Guru SMPN 3 Sleman
Kanca-kanca kelas IX ingkang kula tresnani.

Puji syukur Alhamdulillah kunjuking ngarsa dalem Allah SWT, amargi sampun maringi rahmatipun dhateng kita sedaya sahengga kita tasih saged kempal manunggal ing enjing menika ing acara “Perpisahan Siswa kelas IX Tahun Ajaran 2011/2012”.

Bapak Ibu ingkang kula hormati,
Mboten nginten lan mboten kraos bilih kula sak kanca kelas IX sampun tigang taun sinau wonten sekolahan punika lan sampun wancinipun badhe perpisahan kaliyan Bapak Ibu Guru lan rayi siswa kelas VII & VIII. Kanthi mekaten saklebeting kula sinau ing sekolahan punika mbok bilih wonten kalepatan kula lan sak kanca kelas IX kula nyuwun pangapunten.

Saklajengipun kula sak kanca ngaturaken agung panuwun kang tanpa upami amargi piwulangipun Bapak Ibu Guru saengga kita saged lulus kanthi sae. Mugi-mugi sedaya wau dados amal jariyahipun Bapak ibu guru sedaya.

Kula lan sak kanca nyuwun pangestu dhumateng Bapak Ibu Guru, mugi sadaya ilmu ingkang kula gayun saged kangge sangu gesang ing alam donya menika.

Dumateng kanca-kanca kelas IX
Ujian ingkang kula samipun kita lampahi pancen awrat, nanging tasih awrat lan angel wonten ing ujian sak lajengipun, inggih menika ujian ngadhepi pepalanging gesang kados ta narkoba lan pergaulan bebas. Menawi kita mboten sanged nganggulangi, badhe manggih kapitunan. Mila mangga kita tebihi bab-bab menika.

Dumatheng para adik-adik kula sedaya
Mangga kita sregep sinau lan mituhu dhumateng Bapak ibu guru sahengga saged nggayuh gegayuhan ingkang luhur.

Ing pungkasanipun kula sak kanca nyuwun donga pangestu dhateng Bapak Ibu Guru mugi kula lan kanca-kanca saged nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil.

Sematen atur kula, kirang langkungipun nyuwun pangapunten.


Kupat janure tuwa
Menawi lepat nyuwun pangapura

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar