Neruske
Cinta Monyet
Is
Sarjoko (Nini Klenyem)
Nalika aku metu saka
toko busana golek dhasi, ndadak saka mburi krungu suara renyah
ngundang jenengku.
“Mas Pam.... Mas Pam...!” Aku noleh, oh
jebul Hantari mitraku SMP biyen karo garwane. Heru sing biyen uga
kancaku ana SMA nalika isih padha ana Sala.
“Dhik Tari... mas
Heru.... sugeng ta?” Aku gage nyedhaki wong loro kuwi
nyalami.
“Pangestu mas..., pangestu dhik....,” sumaure wong
loro kuwi. Hantari banjur nggeret bojone dijak neng papan sela,
semono aku uga banjur ngetutke wong loro kuwi.
“Piye mas
Pambudi, kabare?, wis suwe awake dhewe ora ketemu.”
“Iya dhik
Pam, awake dhewe rampung SMA kae rakya lagi saiki ta ketemu?” Heru
melu-melu takon.
“Iya mas Heru, pancen ya ngono. Anu dhik Tari,
kahananku ya kaya ngene iki, tansah pinaringan apik, bagas waras. Ha
saiki wis pira bathine dhik Tari?”
“Wah durung je mas... ya
mung kudu sabar. Saiki lenggahmu neng ngendi mas?”
“Wis meh
telung taun iki dhik, aku dikirim saka pandhuwuranku neng kutha
kembang iki, mbantu neng RS Panti Husada kene.”
“Lha sliramu
sekalihan lenggahe ana ngendi?” Hantari gage mbukak dhompete,
ngetokke kertu nama banjur diwenehake aku. Weruh iku Heru kandha
:
“Nek sela dhik, kapan-kapan rawuh nggonku!”
“Iya mas
matur nuwun banget, wis mesthi tak goleki ta wis mas.” Kandhaku
ngenaki atine Heru.
“Saiki mas Pambudi putrane wis pira?”
Hantari takon.
“Oh... oh... durung duwe dhik,” semaurku
gugup.
“Isih ngenteni apa ta mas..., dhasar ya wis dhokter....
gek spesialis maneh.” Heru tak sawang nyenggol bojone, sajake isih
ana acara, mula kandhaku :
“Ya wis mas.... dhik Tari ndherekke,
sampai ketemu lagi.” Karo neruske laku, Tari isih kandha :
“Tak
anti-anti rawuhmu ya.... mas.” Aku mung ngguyu karo manthuk.
Tekan ngomah,
dhasi tak seleh meja isih buntelan saka toko mau. Greget arep
ngestreni resepsi pernikahane kanca dadi nglokro, senajan wis kebacut
tuku dhasi anyar. Pikiranku kuwur. Patemonku karo Hantari sing ora
kenyana-nyana dadi tansah nggubel atiku. Mula aku banjur ngglethakake
awak neng dhipan.
Nyut... lelakon
kawuri jaman neng SMP, bali kumledhang. Hantari lan aku sa klas wiwit
SMP lulus. Uga klas siji SMA nganti tekan klas telu. Wiwit nalika
lagi mlebu, aku wis ana rasa seneng karo dheweke. Dhasar bocahe ayu
tur kalem. Neng klas yen diterangke nggatekke banget. Mula ora mokal
yen dheweke pinter. Malah yen ana PR aku kerep diwarahi dheweke.
Aku jujur
ngakoni, yen Hantari luwih pinter tinimbang aku. Iki kabukten saka
nilai pelajaran harian, luwih-luwih bareng tampa rapot. Hantari tanpa
ana angka abange, balik aku kana-kene abang kaya dene kanggo
kembang-kembang. Ah... dhek semana pancen sinauku ndleya. Aku sregep
mlebuh sekolah ya merga kepingin tansah ketemu lan cecedhakan karo
Hantari. Sadharku bareng wis arep ujian akhir, sinauku ngaya lan
grobyagan.
Apa maneh Hantari ngancam, yen aku nganti ora lulus,
dheweke sida hijrah neng Surabaya ndherek paklike sing saguh ngragadi
kuliahe. Dene yen aku lulus. Dheweke trima arep njupuk kursus
ketrampilan, sing mengkone kena kanggo sangu urip. Awit yen njagakke
ibune sing wis randha kuwi, cetha yen ora kuwat ngragadi kuliah.
Sawise bapake seda sing mung karyawan swasta kuwi, uripe karo ibune
tansah dibantu Ume sing karyawan bang ing Surabaya. Semono uga
sekolahe Tari.
Krungu kandhane
Tari ngono mau, thukul kuwanenku mblakakake isining atiku kanthi
spontan, kandhaku :
“Ri, yen ngono kowe ki ya tresna karo aku
ta?” Dheweke ora mangsuli, ning raine njur ketok yen ingah-ingih
sajak isin, karo mripate kethal-kethil dheweke tumungkul. Weruh iku
mau tuwuh kekendelanku. Aku nyedhak... njur tak ruket kenceng Hantari
karo kawetu tembungku :
“Oh Ri..., jebulane aku ora keplok
tangan sesisih, ning atimu ya padha karo atiku. Wiwit SMP Ri, aku wis
ana rasa seneng lan tresna neng kowe. Ning aku rak ora wani kandha
neng kowe, mergane awake dhewe rak isih cilik. Embuh ya..., apa sing
padha diarani cinta monyet ngono kae ayake? Ning jebul saya suwe lan
tekan saiki, tresnaku tansaya mundhak-mundhak. Pokoke teruske ya Ri,
wiwit saiki awake dhewe pacaran.” Kandhaku serius. Hantari ngawaske
aku karo kandha :
“Pam, apa mungkin awake dhewe mbesuk bisa
nyawiji? Mergane aku lan kowe rak banget njomplange. Kowe putrane
wong sugih, aku anak randha mlarat.” Aku mangsuli gage:
“Ri,
kuwi rak wong tuwane dhewe, pokoke Ri, nek suk aku wis berhasil lan
bisa urip mandiri, aku rak bakal nemtokake pilihane uripku. Percoyoa
Ri, aku ora bakal nglalekke kowe. Mung kowe tak jaluk sing sabar
nganti aku berhasil. Tenan Ri, aku arep berusaha tenan kanggo uripe
awake dhewe mbesuk.”
Hantari mung manthuk-manthuk karo mesem
kalegan. Ya wiwit iku Pambudi lan Hantari meneng-meneng padha
pacaran. Atine mudha-mudhi loro kuwi saiki wis rumangsa plong, awit
wis padha dene kelair gembolaning ati.
“Tenan, Pambudi lan
Hantari sidane lulus SMA ne. Pambudi neruske kuliah, dene Hantari
sing didhawuhi nusul Ume neng Surabaya arep dikuliahke sumaya, yen
arep kursus apata apa, supaya nduwe ketrampilan. Ume diwangsuli ngono
mau bisa nampa. Malah dhawuh, kanggo kursus mbutuhake beaya pira,
mengko bakal dikirimi.
Ana unen-unen,
sing jeneng menungsa mono bisa ngrancang tharik-tharik, ning bab
kelakon lan orane kuwi mung sing Kuwasa sing wenang nemtokake.
Hantari dhek
semana pilihane njupuk kursus motong memotong lan njait. Ya merga
saking tekun nggatekake, lan sregep praktek nganggo kain
murah-murahan, nyatane sajrone rong taun wis rampung kanthi biji sing
apik. Kanggo nglanyahake, Hantari langsung wani praktek nampa jaitan
saka tangga kiwa tengene. Karo nyambi njait, saka Kalurahan ana
kursus kecantikan sing gratis kanggo warga desa, Hantari ya melu.
Kursus kecantikan iki uga klebu paes manten ala Yogya... Sala.... lan
kebesaran.
Bareng tutup
tahun dianakake ujian, Hantari bijine unggul dhewe katimbang
kanca-kancane. Pokoke atine wis gembleng, apa wae kabisane wanita
sing sekira migunani lan ngolehake asil, bakal dilakoni. Ora ngalahna
wong mono yen apa-apa bisa, ora bakal disingkur uwong.
Saking sibuke
nampa jaitan lan larise anggone dadi tukang paes, Hantari wis ora ana
kekarepan kanggo neruske kuliah. Ora krasa jebul ngerti-ngerti entuk
layang ngabari, yen Pambudi wis rampung kuliahe. Saiki dheweke wis
nduwe embel-embel ing ngarep jenenge ya kuwi Dokter. Neng layang
Pambudi kandha, yen Hantari lega, sisan dheweke arep njupuk
spesialis, yaiku Dokter kandungan. Jare paling suwe telung taun,
mengko njur praktek. Hantari ya mangsuli yen jumurung marang karepe
Pambudi, dheweke bakal tetep setya ngenteni. Tekade saya mantep, yen
wiwit saiki arep nyelengi, kanggo mapak yen sawanci-wanci Pambudi
rampung kuliahe njur ngajak mbangun brayat.
Hantari emoh yen
nganti kabeh mung njagakake Pambudi, wong embuh akeh embuh sithik
dheweke wis nduwe pametu. Senajan padha dene sibuk, saiki hubungan
kekarone tansaya luwih kerep dhasar wis ana HP.
Ning ya kuwi
manungsa ora ngerti apa mengko sing bakal kelakon. Ora kenyana, ing
sawijining dina pak Susilo ya Ume Hantari sing neng Surabaya teka
neng Sala niliki mbakyune, ya ibune Hantari. Sajroning tilik mulih
sing mung rong ndina kuwi, mbakyu adhi kuwi tansah asyik anggone
ngendikan sajak padha kalegan atine.
Dene apa sing
dirembug embuh, Hantari ora ngerti lan ya ora kepingin ngerti. Mung
nalika arep bali neng Surabaya, Ume ndangu nyuwun tinggalan apa ora,
sing dikarepake dhuwit. Ning Tari matur ora, wong isih nduwe dhuwit.
Saungkure Ume, ibune ngendika :
“Anu Ri, ommu kepingin kowe dadi
wong mulya, mula becike gugunen apa karepe.”
“Kersanipun Om
punika punapa ta, bu?” Tari nanjih.
“Ah ya wis Ri, entenana
wae mengko ommu rak aweh weruh dhewe, nek ibu sing ngandhakke ndhak
klera-kleru.” Ngendika ngono mau karo tindak medal, sajak ya pancen
ora kersa blaka. Hantari ya njur wis ora mikir, awit wis biasane yen
Ume nggatekake banget marang dheweke. Barang let seminggu Hantari
entuk layang surasane ngene :
Anakku
Hantari
Tari, tak sawang kowe saiki wis cukup diwasa, lan hasil
jerih payahmu kursus ketok hasile. Saiki genti om, njaluk bektimu
mrang aku, kowe gelema ndak jodhohake anake direkturku sing sedhela
maneh leren, sing ngganteni putrane. Kae lho Heru Tamtomo sing dhek
biyen kancamu neng SMP? Nalika dheweke dolan neng ngomahe om ndeleng
album, weruh gambarmu, njur kewetu tembunge yen kepingin momong kowe.
(Arep diajak urip bebrayan). Ri, ngertiya ya, Heru kuwi watake kaya
bapake, prasaja, lugu tur jujur sisan. Mula gelem ya Ri, om ora bakal
njlomprongake.
Kaya cukup semene
Om mu Susila
Rampung
pamacane layang, Tari mlebu kamar nggloso neng dhipan karo nangis.
Wewayangane Pambudi kekasihe ngalela sajak mbebidhung atine sing lagi
bingung. Saiki ngerti kersane Ume, yen panjenengane kepingin Hantari
manut kersane, ateges dheweke kudu manut apa dhawuhe minangka balas
budi, anggone wis dirembug wiwit bapakne seda.
O Hantari
bingung..., arep matur ibune? Jelas yen ibune mesthi ngombyongi
kersane Ume. Saking wis keputekan nalar lan pikire, layang saka Ume
dilempit rapi, banjur diganti amplop anyar, dialamatke neng Pambudi.
Kanthi ditambahi kertas sasuwek sing tulisane ngene :
Mas
Pambudi
Iki mas layang saka Om, sing surasane aku kudu manut
dijodhokake karo Heru, sing sedhela maneh nggenteni bapakne minangka
direktur bang pendhuwurane Om Susila. Kae lho kancamu dhek neng SMA
lan uga kancaku neng SMP biyen. Pokoke mas, senajan piye wae, ati lan
tresnaku mung kagem mas Pambudi.
Aku kekasihmu
Hantari
Sawise
layang diposke, atine krasa lega. Apa sing bakal kelakon, kaya-kaya
Hantari wis pasrah tumibane nasib ing awake. Kabeh bakal dilandesi
kanthi ati dhadhag. Toh dheweke mung sadherma nglakoni. Kaya-kaya
uripe mung Ume sing nemtokke...
Temenan, bareng Hantari dipethuk
Ume lan diterke ibune neng Surabaya, ganti sasi sida diomah-omahake
karo Heru Tamtomo, S.E. Senajan atine blas ora ana rasa tresna neng
bojone, ning kanggo nuduhake bektine marang ibu lan Ume supaya
bungah, Hantari tansah ngatonake yen atine tansah bungah, senajan
batine sambat ngaruwara.
Batine Hantari
muni ngene : Ya ben ragaku kanggo Heru, ning ati lan tresnaku mung
kanggo Pambudi. Bareng wis rong taun urip neng Surabaya minangka
direktur bang “Handarbeni”, Heru kepingin bukak cabang neng
Bandung. Dene sing Surabaya mengko bakal dipercayakake sedulure sing
maune ya anak buahe bapake.
Pambudi nalika
nampa layange pak Susila kanggo Hantari sing njur dikirim Hantari
neng dheweke, ya sempat setres lan lara. Neng ngelingi yen dheweke
lagi ujian pungkasan (semester akhir) kanggo nggayuh spesialise, mula
atine di tatag-tatagake.... diayem-ayemmi dhewe sing wusanane ya
kuwat lan tabah. Sidane Pambudi lulus kanthi biji sing maremake.
Bareng wis setaun praktek neng kuthane, Pambudi banjur dikirim neng
Bandung neng RS Panti Husada.
E lha dalah, ya
neng kutha iki Pambudi kepethuk Hantari nalikane dheweke metu saka
toko golek dasi. Hantari karo Heru bojone, ya tilas kancane. Cekekal
Pambudi tangi saka anggone turon. Dhompet dibukak, kertu nama
pawewehane Hantari diilingi-ilingi. O neng Jl. Menur No. 6. memper
kene iki rak compleke omahe wong sugih-sugih. Yoh wis... kapan-kapan
kono tak golekane. Ngono batine Pambudi.
Dhasar Pambudi
dokter anyar, lagi sawise setengah sasinan pas dina Setu, Pambudi
metu saka omah kontrakane Malem Minggon nganggo megaprone. Ngurut Jl.
Menur wiwit omah no 1 tekan 6, banjur mandheg neng ngarep omah sing
pintu gerbange njenggarang kuwi. Atine gojag-gajeg, ning wusanane
pintu gerbang sing mung katon digrendhel kuwi dibukak wani. Motor
dituntun nyedhaki lawang banjur mencet tombol. Ora suwe keprungu
kumleseting sikil nyedhaki lawang, wusana bareng lawang
dibukak....
“Oh njenengan ta mas Pambudi?” Swarane Hantari
renyah karo mlayu terus gapyuk ngrangkul sing lagi teka.
“Mas
Heru endi jeng?” pitakone Pambudi, ana rasa samar, yen lekase
Hantari sing over mau kaweruhan kakunge.
“Mas Heru tindakan kok
mas, budhale lagi mau awan. Jare neng Jakarta tilik budhene sing wis
sawetara wektu olehe ngarep-arep mundhut ditiliki mas Heru. Nek
pamite mas Heru mung seminggu supaya budhene mari kangene, ning ya
embuh, wong budhene kuwi ora kagungan putra. Mesthine yen durung
tutug ya bisa wae diperpanjang wektune. Pokoke mas Heru kepingin gawe
marem lan bingahe budhene.”
“O ngono ta jeng, dadi yen ngono,
sliramu ijen neng ndalem?”
“Ya ora ta mas, wong penjenengan
saiki rawuh ngepasi mas Heru tindak ngono kok. Wis ayo mlebu lenggah
dhisik, mengko wae lehe crita.” Pambudi dituntun Hantari mlebu ing
ruang tamu. Kekarone lungguh mepet, Hantari isih nyekeli lengene
Pambudi kenceng karo kandha :
“Mas sasuwene mas Heru tindak aku
dikancani ya?”
“Apa neng ndalem sliramu ijen ta jeng?”
“Karo
rewang mas, ning mung yen esuk. Dheweke mung reresik, ngumbahi lan
setlika, yen wis rampung ya njur mulih. Yen mas Heru ngersakke
dimasakke, ya aku sing masak, ning kerepe mas Heru mung dhahar neng
njaba, aku rak mung manut. Dene yen aku ana keperluan utawa kegiatan,
lan mas Heru kerja, aku metu dhewe mas. Lha kuwi, ana mobil kanggo
keperluanku, dene mas Heru senenge ngagem jip.”
“Wah begja
sliramu jeng, dadi garwane wong sugih, upama wingi sida dadi bojoku,
sliramu rak mung gela. Lha piye, seprene omah wae aku durung duwe kok
jeng.”
“Oh mas Pam, penjenengan ora ngerti atiku kok. Bandha
mono ora mesthi gawe ati mulya.
Nyatane
seprana-seprene aku mung tansah kelingan penjenengan. Tresnaku isih
wutuh mas, senajan ragaku wis ndak pasrahake mas Heru. Saupama
sliramu isih tresna, aku rila dipegat mas Heru njur ndherek
penjenengan.” Kandhane Hantari karo kembak-kembik lan mripate
nrocos. Weruh iku Pambudi gage ngekeb Hantari karo kandha:
“Jeng,
semono uga aku, tresnaku kuwi isih tetep neng sliramu. Teneh yen ora,
aku wis rabi wingi-wingi. Sing jeneng tresna kuwi suci jeng,
peparinge Gusti, mula nganti kapan wae ora bakal ilang, senajan ing
tata lahir ora ndarbeni.” Krungu kandhane Pambudi, Hantari saya
kenceng pangrangkule. Dhasar wis ana rasa katresnan wiwit biyen ing
ati kekarone, mula nalika Pambudi tinuntun mlebu kamare Hantari ora
suwala. Tekan njero kekarone dedrek adu katiyasan pindha banteng
ketaton. Sawise krasa yen wis ana sandhuwuring mega sap pitu, karo
menggeh-menggeh Hantari kandha:
“Eman ya mas, aku wis dudu
prawan.”
“Ora papa jeng, ning atimu sing isih tetep prawan
kanggoku, aku rumangsa marem banget.”
Ya wiwit dina iku Pambudi lan Hantari tansah andon asmara kaya dene
maten anyar. Pambudi mirsa Hantari kanthi setiti, dhasar dheweke
dokter hali kandungan. Sapa ngerti yen dheweke mengko bisa aweh wiji
neng Hantari sing wis meh pitung taun omah-omah durung duwe momongan.
Sakehing vitamin diwenehake. Buah lan sayuran apa sing kudu
dikonsumsi Hantari kabeh dikandhakake. Lan Hantari batine ya sumaguh
yen bakal diestokake. Luwih-luwih saka Pambudi kekasihe iki, sing
banget digadhang-gadhang. Mula kapan-kapan wae ana wektu bisa ketemu
sawise dr. Pambudi rampung tugas, lelorone acarane mung pepasihan
kaya dene manten anyar.
Saka rumangsane Hantari, ya wektu iku
dheweke ngrasakake bulan madu, sing gawe mulyaning lahir
batin.
Senajan neng Jakarta nganti sepuluh dina, ning Heru pendhak
dina tansah kontak karo Hantari liwat HP ne. Jare Heru ya selak
kepingin mulih, ning tansah disemayani dening budhene. Hantari ya
mangsuli yen ngarep-arep banget. Mula baline bojone, sengaja Hantari
masak apa sing dadi kesenengane bojone, ndadekake bungahe
Heru.
Saulihe saka Jakarta nalika padha jejagongan, Hantari kanda
karo bojone ngene :
“Mas Heru, nalika mbok tinggal neng Jakarta
wingi, atiku jan kasepen banget. E ya saora-ora ne kuwi nek wis ana
anak rak kena kanggo glendheng-glendheng. Mbok usaha yo mas, pupung
awake dhewe isih mampu.” Kandhane Hantari sajak karo ngrayu.
“Lha
karepmu arep usaha neng ngendi ta dhik?”
“Ya mirsakke neng
dhokter bareng-bareng ta mas.”
“Njur kersamu dr. ngendi
dhik?”
“Walah, dhek emben rak ketemu Pambudi kancamu neng SMA,
lan ya kancaku neng SMP. Dheweke kae saiki dhokter ahli kandhungan
lho mas.”
“Apa kowe ngerti nggone praktek ta dhik?”
“Ya
ngerti ta mas, dheweke rak crita nek mbantu neng RS Panti Usada.
Awake dhewe rak bisa nggoleki mrana.”
“Yoh wis dhik aku manut,
kapan mrana?”
“Janji mas Heru wis ora kesel kapan wae aku
nderek mas.”
“Ya wis dhik, piye yen sesuk esuk?”
“Aku
manut mas.” Bungahe Hantari ngayang batin krungu kesaguhane bojone.
Sing ateges kanggo sabanjure bakal bisa terus sesambungane karo
Pambudi. Sidane wong loro nemoni dr. Pambudi, sing supayane bisa njur
diparingi momongan. Dr. Pambudi manthuk-manthuk nyaguhi, senajan
kabeh mau sing ngersakake maringi, amung Pangeran.
Dr. Pambudi
maringi pil-pil vitamin marang Hantari, semono uga kanggo Heru
bojone. Yen Hantari pendhak minggu kudu priksa, nanging yen pak Heru,
cukup yen pil-pil vitamine wis entek. Kabeh dilakoni kanthi patuh
dening Heru lan Hantari. Pepenginan nduwe momongan, dening Gusti
disumbadani. Wulan candhake sawise digarap Dr. Pambudi, Hantari
mandheg ora wulanan. Bab mau dikandhakake bojone, bungahe Heru tanpa
upama. Bareng dipirsakake lan dites urine, ya nyata yen Hantari
positif ngandheg.
Rehne neng kamar
priksa anane mung wong loro Hantari lan Pambudi, mula tanpa
sungkan-sungkan Hantari ngruket dr. Pambudi saking senenge. Semono
uga dr. Pambudi, rumangsa keturutan anggone mijeni kekasihe, Hantari
diarasi sakatoge karo kawetu tembunge :
“Jeng, senajan aku ora
ndarbeni sliramu, ning tresna kita wis nyawiji ing guwa garbamu wujud
jabang bayi. Aku titip jeng, openana sabecik-becike.”
“Iya
mas, dhawuhmu bakal ndak estokake.” Wangsulane Hantari karo
ngambali ngruket kekasihe. Karo ngeterke metu tumuju lawang metu
kamar periksa, dr. Pambudi celathu :
“Jeng, jebulane awake dhewe
iki nerusake cinta monyet dhek jaman semana ya?” Hantari ora
mangsuli, mung ninggali esem ngujiwat karo drijine njiwit lempenge
dr. Pambudi kebak asih. Sing dijiwit mung nggleges seneng.
Tamat